Sembahyang ARDAS IX
Doa Ardas dalam Bahasa Jawa
Sembahyang ARDAS IX 2026-2030 KAS

Dhuh Allah ingkang tuhusetya, atur puji panuwun kawula unjukaken ingarsa Dalem, awit karana sih tuntunan Dalem Gusti Yésus Kristus pangèn agung kawula, Panjenengan Dalem tansah paring kekiyatan dhateng kawula anggènipun sami lumampah sesarengan, sarta mbudidaya mujudaken gesang tata karta raharja, amrih luhuring umat manungsa.
Kakobarna manah kawula mawi latuning Roh Suci Dalem supados sesarengan kaliyan sadaya warganing bangsa, kawula tanpa kendhat tansah ngupados tataning agesang adhedhasar Pancasila sarta kanthi èsthining manah anjumenengaken Kraton Dalem awujud budayaning tresna.
Mugi niat saha tekad kawula anggènipun nampi kasagahan dados utusan Dalem Sang Kristus saged kawujud sarana ngatingalaken Pasamuan ingkang kebak kabagyan, saéngga saged dadya daya pangaribawa tumrap karaharjaning umat manungsa.
Mugi kawula tanpa kendhat ngrembakaaken pangandel kawula supados tansah murub lan sangsaya gesang, sarta tanpa ajrih, linambaran semangat belaraos lan makarya sesarengan kaliyan sinten kémawon mujudaken kasaénaning agesang.
Sinarengan nulad kasetyanipun Ibu Maria lan teguhing tekad Santo Paulus
anggènipun mujudaken karsa Dalem, kawula unjukaken sembahyangan kawula punika
lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
Amin
