April 25, 2024

Doa Katolik dalam Bahasa Jawa

TANDHA PAMENTHANGAN

Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, Tuwin Hyang Roh suci. Amin.

 

RAMA KAWULA

Rama kawula ing swarga,  Asma Dalem kaluhurna.

Kraton Dalem mugi rawuha. Karsa Dalem kalampahana

Wonten ing donya kados ing swarga. Kawula nyuwun rejeki kangge sapunika.

Sakathahinh lepat nyuwun pangapunten Dalem, Kados dene anggen kawula

Ugi ngapunten dhateng sesami. Kawula nyuwun tinebihna saking panggoda,

Saha linuwarna saking piawon. Amin.

 

SEMBAH BEKTI

Sembah bekti kawula dewi Maria, kekasihng Allah. Pangeran nunggil ing Panjenengan Dalem. Sami-sami wanita Sang Dewi pinuji piyambak, saha pinuji ugi wohing salira Dalem, Sri Yesus.

Dewi Maria, Ibuning Allah, Kawula tiyang dosa sami nyuwun pangestu dalem, Samangke tuwin benjing dumugining pejah. Amin.

 

MUGI LINUHURNA

Mugi Linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci.

Kados ing mulabuka, sapunika sarta ing salami-laminipun.Amin.

 

PINUJIA

Pinujia Asma Dalem Sri Yesus, Ibu Maria tuwin Santo Yusup. Sapunika sarta langgeng. Amin.

 

KAWULA PITADOS

Kawula pitados ing Allah, Rama  Sang Maha Kuwasa

Ingkang nitahaken bumi langit.

Saha ing Gusti Yesus Kristus,

Putra Dalem onthang-anthing pangeran kawula.

Ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria,

Kagarba dening kuwasa Dalem Hyang Roh Suci.

Ingkang nandhang sangsara,

Nalika jamanipun Ponsius Pilautus,

Saha kepenthang, seda sarta kasareaken.

Tedhak dhateng papan pangentosan

Tigang dintenipun wungu saking seda

Mekrad dhateng suwarga,

Pinarak ing satengen Dalem Allah,

Rama Sang Maha Kuwasa.

Saking ngriku badhe rawuh,

Ngadili tiyang gesang utawi pejah.

Kawula pitados ing Hyang Roh Suci,

Pasamuwan katulik ingkang suci,

Pangapuntening dosa,

Tangining badan,

Saha gesang langgeng. Amin.

 

SEMBAHYANGAN KATUR HYANG ROH SUCI

Dhuh Roh ingkang suci, sumangga kawula aturi tedhak ing manahipun abdi Dalem tiyang pitados

Saha ngurubna katresnanipun sarana urubing katresnan Dalem. Mugi karsaa maringi Roh Dalem ingkang lajeng badhe nggesangaken samukawis. Saha ngenggalaken kawontenaning jagad.

Suwawi sami munjuk

Dhuh Allah ingkang sampun karsa paring piwulang dhateng manahipun para tiyang sami pitados srana pepadhang Dalem Hyang Roh Suci, mugi abdi Dalem kawula sami kalilana ngraosaken kawicaksanaan ingkang sejatos wonten ing Hyang Roh Suci wau, saha tansah manggih kabingahan margi panglipur dalem Hyang Roh Suci. Lantaran Sang Kristus Gusti Kawula.Amin

 

MALAEKATING ALLAH

Malaekating Allah ngantaraken dhawuh dhateng Kenya Maria

Lajeng Sang Kenya nggarbeni saking kuwasaninh Hyang Roh suci

Sembah Bekti kawula…….

Kawula abdining Allah

Sandika ing Dhawuh dalem.

Sembah Bekti kawula…….

Sang Sabda lajeng dados manungsa

U.Yektos nunggil ing kawula

Sembah Bekti kawula…….

Ibuning Allah nyuwun pangestu Dalem

Supados pantes nampi ganjaran kasagahan Dalem Sang Kristus

Suwawi sami munjuk :

P+U Gusti sarehning kawula sampun dipun wartosi ing malaekat, bilih putra Dalem yektos manjalma, mila sami nyuwun sih pitulungan Dalem, supados sarana saking sangsara saha pamenthanganipun putra Dalem, benjing satangining badan, kawula sageda ndherek kamulyakaken. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin.

 

RATU SURGA

Kanjeng Ratu ing suwarga kawula aturi suka-suka, Alleluya.

Awit ingkang sampun nate wonten ing guwa garba dalem, Alleluya.

Sampun wungu saking seda kados pangandikanipun, Alleluya.

U.Kawula nyuwun pangestu Dalem, Alleluya.

Kenya Dewi Maria, kawula aturi suka-suka saha bingah-bingah,

Alleluya.

Awit gusti sampun yektos wungu saking seda, Alleluya.

Suwawi sami munjuk:

Allah ingkang karsa damel bingahing jagad sarana wungunipun Putra Dalem Gusti kawula Yesus Kristus, Kawula sami nyuwuning Sampeyan Dalem, supados lantaran ingkang Ibu Kenya Maria, Kawula saged angsal kabingahan langgeng. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin.

 

Sembahyang Penyerahan Katur Kulawarga Suci

Gusti Yesus ingkang tuhu Asih kang sampun paring tetenger suci kulawarga pilihan Dalem, Mugi Gusti karsa enget marang kulawarga kawula, ingkang sampun kawula pasrahaken. Mugi Gusti kersa paring pitulungan lan pengayoman saking sedaya lebeting kesukaran sadinten-dinten.

Paringana Rahmat lan Berkah Dalem, mugi saged niru teladan kulawarga Dalem ingkang Suci. Mugi Gusti Amberkahi kulawarga, sadherek lan rencang umat Gusti.

Kanjeng Ibu Maria, mugi ing pengayoman panjenengan, kawula saged dados kulawarga ingkang guyub rukun ing tresna Dalem Gusti.

Santo Yusup, Bapa kang tansah njagi Kulawarga Suci , Nyuwun Pitulungan

Kawula pitados bilih nuladani cara gesang Kulawarga Suci Nazareth saged dados renaning asih Gusti Allah lan kita sedaya.

Amin

 

Paroki Minomartani